Geguritan Kidung Katresnan

Rp55,000 Rp65,000

Add to wishlist
Share
Category

    Judul: Geguritan Kidung Katresnan

    Penulis: Budi Santosa, S.Pd.
    ISBN: –
    Halaman: 53 hlm
    Cover: Soft Cover
    Ukuran: 14 x 20 cm
    Berat: 60 gr

     

    Deskripsi:

     

    Lelakon  Urip

     

    Lelakon ing alam panguripan
    Marga dalane urip maneka warna
    Kadang ana duwur kadang ono ngisor
    Kadang nanjak ndedel  mabur duwur
    Bisa uga tiba ana ngisor tan iso tangi

     

    Urip ingaran begja yen atine wus tentrem
    Pikir wis sumeleh marang purbaning Gusti
    Nanging sing nasar, srakah, aluamah
    Anguliti lan ngreka crita yo ora kurang
    Amung kanggo seneng sakwetara

     

    Kabeh wis ginaris kang kuasa
    lakone manungsa ing alam donya
    siji lan sijine nora pada
    ditata bisa papa bisa mulya
    manungsa kari nampa kanti legawa

     

    titah mung sak wantah kari sumarah
    ora bisa mbantah apa meneh kokehan polah
    wenang budidaya ora kena ngundamana
    kesinungan drajat utawa kesrakat
    wus dadi pestining kodrat kang kariya jagat

    ==========

    Mugi buku kempalan geguritan kanti irah-irahan KIDUNG KATRESNAN punika saget nambah raos tresna basa Jawa dumatheng sinten kemawon para sutresna  ingkang maos.

    Reviews

    There are no reviews yet.

    Be the first to review “Geguritan Kidung Katresnan”

    Your email address will not be published. Required fields are marked *